APA sing paling kerep dikandhakake wong-wong sing ngaku dadi pendhekar basa Jawa? Nguri-uri basa sing (dianggep) adiluhung iku supaya tetep lestari! Iku sing kerep keprungu. Mula kanthi pawadan ngoyak sing luhur, bener, lan endah, basa Jawa banjur dikonstuksi dadi stagnan, ajeg, klasik, ora njamani, tur ora gaul. Mangka, basa Jawa ora butuh diuri-uri, ora cukup dilestarekake. Sebab, basa Jawa dudu mumi, dudu bangke sing butuh diawetake!
Diwada, diece, nanging sejatine dibutuhake. Mengkono nasibe basa Indonesia gaul. Akeh sing padha nuding saiki basa Indonesia "lu-gue banget", uga kebak sufik "-in" kadidene basa Betawi sahingga dudu Indonesia sing apik maneh. Apa maneh bebarengan karo kuwi, saya mblader tembung-tembung manca sing durung kober dijarwakake apa pancen ora niyat diindonesiakake. Pawadane ana-ana wae. Wiwit saka tegese sing dianggep kurang pas, nganti tekan kesane sing dadi kurang gagah.
Ora wurung, ing sesrawungan, mligine kaum mudha, basa-basa mau banjur katon luwih ditengenake. Kapara tembung-tembung lan istilah anyar sing sadurunge ora ana, banjur "naik daun", kanthi frekuensi panganggone sing dhuwur.
Maune pesinetron ing televisi lan para presenter dianggep minangka pihak sing gedhe dhewe olehe ngempit lan ngindhit "dosa" ing babagan iki. Nanging nyatane, panganggone basa mau ora mung kandheg ing televisi lan radio sarta sesrawungan nonformal, nanging uga ing pertemuan-pertemuan formal, luwih-luwih kalangan mudha.
Ora mung ing tuturan lisan, sawetara media cetak uga nggunakake basa kasebut. Luwih-luwih tabloid, majalah, utawa rubrik ing koran kang ditujokake kanggo generasi mudha. Ora mung media kang terbit ing Ibu Kota, nanging uga media kang kababar ing daerah-daerah, saiki wis lumrah nganggo basa kasebut. Bebarengan karo iku, buku jinis novel lan kumpulan cerita pendek sing nggunakake basa kasebut laris manis.
Sawetara iku, pancen pro-kontra ngenani basa gaul, basa prokem, utawa basa okem durung rampung lan bokmenawa ora perlu dirampungi, senajan wis kebabar uga sawijining kamus basa prokem Indonesia. Nanging ing kono, kanthi anane basa gaul, yektine sawijining basa wis nuduhake blegere minangka basa sing tansah ngalami dinamika, ngrembaka, lan entuk respons saka panyengkuyunge.
Thukul lan berkembange basa prokem, okem, utawa gaul nuduhake menawa basa iku isih ana, urip, berkembang, lan sacara fungsional isih digunakake minangka piranti komunikasi. Kuwi uga yekti ngundhakake daya ungkape basa kasebut.
Sepi DinamikaBanjur kepriye tumrap ing basa Jawa? Diakoni apa ora, prasasat basa Jawa sepi saka perdebatan ngenani basa gaul, sejajar karo sepine cak-cakane basa Jawa gaul. Salah sijine tengara manawa basa Jawa uga sepi dinamika.
Basa Jawa, diakoni apa ora, kebacut nduweni kesan minangka basa sing ora gaul. Kapara ora mung kuper, nanging malah ndesit lan kuna, sahingga dudu sawijining kegagahan lan kebanggaan yen bocah enom saiki nganggo utawa nyinau basa Jawa.
Kahanan mengkono sithik-akeh banjur njalari basa Jawa mlarat kreativitas. Yen basa Indonesia nduwe media cetak-elektronik sing menehi ajang amba kanggo tumangkare basa gaul, media cetak-elektronik Jawa utawa sing nduweni rubrik nganggo basa Jawa, prasasat ora menehi kalodhangan kanggo uripe basa Jawa gaul.
Ing jagading penerbitan buku uga prasasat ora bisa ditemokake karya fiksi sing nganggo basa Jawa gaul, basa Jawa sing laras karo alam pikire generasi mudha sing saya suwe saya kosmopolit iki.
Ing platarane basa Jawa gampang diprangguli ora nyawijining lathi lan tumindak. Lathine muni menawa basa iku -minangka peranganing kabudayan- kudu tansah nut ing jaman kalakone, ngalami owah gingsir. Nanging nyatane, sawernane pengaruh saka jaba, kayadene basa manca lan basa nasional, dianggep ngrusak basa Jawa, saora-orane minangka polusi. Kaya-kaya basa Jawa iku mbegegek, mbeguguk ngutha waton. Mangka jroning sesrawungan global, pengaruh-memengaruhi iku ora bisa diendhani maneh, kapara kudu disambut kanthi positif lan kreatif.
Para pangemban kewenangan (stakeholder) basa Jawa luwih katrem dadi polisi basa tinimbang melu ngrasakake kanthi empati lan nyengkuyung krenteg sarta aspirasine generasi mudha. Mula sakabehe rekadaya tansah dienerake supaya basa kang ana iku mlipit, resik saka sakehing pengaruh liya, sarta kanthi ketat nuhoni unggah-ungguhing basa sarta paramasastra.
Akeh sing durung bisa nampa manawa basa Jawa iku mancarupa. Tegese, werna-werna rai lan awake, biyen lan saiki, kana lan kene, momor-momot dening samubarang perbedaan.
Banjur yen mangkono, apa sing dubutuhake? Basa Jawa butuh diundhakake vitalitase, ditingkatake daya ungkape minangka piranti ekspresi lan komunikasi. Urip lan tumangkare basa Jawa gaul mujudake salah sijine gapura kanggo mlebu ing platarane basa Jawa sing luwih dinamis lan sugih kreasi.
Basa sing gaul ora ateges ngemohi masa lalu. Basa gaul temene bisa ngrengkuh masa lalu lan masa kini, sing kutha lan sing desa, sing domestik lan sing mambu Kulon. Jer senajan sepi, ing jagade kreativitas, "kegaulan" mau wis dituduhake dening para seniman musik.
Liwat musik sing sairib karo campursari, Didi Kempot wis nyuguhake "Cintaku Sekonyong-konyong Kodher". Ora susah nggoleki apa tegese "sekonyong-konyong kodher" nong nggone kamus Jawa utawa Indonesia, ning kabeh sing bisa basa Jawa mesthi mudhenge.
Lumantar tembang-embange sing ngerap, grup band Javaholic Genk Kubra uga bisa nembang: Witing klapa jawata ing ngarcapada/salugune iki Genk Kobra/ pancen nyata kula saking Surakarta/njajah nagri Ngayogyakarta. Nganggo kuping enom saiki akeh-akehe mesthi cocoke ngrungokake lagu-lagune sing ana ing album Jahanam 2 Javaholic Solo-Yogya, merga sanapas karo musik-musik ala Jamrud, Slank, Radja, lan liya-liyane.
Mulane, forum-forum kang ngrembug utawa nganggo basa Jawa prasasat aja mung dadi duweke wong-wong tuwa. Sebab yen terus wae kaya mangkono, ora nggumunake yen sing diomongake, carane mawas lan ngomong uga nganggo perspektif tuwa. Basane uga basa tuwa. Out of date!
Pancen, komunikasi, ing tataran sing uwih nduwe martabat, ora mung angger padha ngertine, nanging uga kudu nyangking teges kang luhur, bener, pener, lan endah. Basa minangka piranti kamunikasi, otomatis uga banjur kudu "ngepan-ngepanake awak" supaya bisa, kuwawa, lan kasil nindakake perane. Nanging kabeh iku ora kudu ndadekake basa Jawa diagung-agungake sahingga untauchable.