Kamis, 13 Mei 2010

Lambe Turah

Sari nyangklong tas kesusu metu seka kelase, karepe mana atene ndekem nang kantin. Ate mulih aras-arasen, apamaneh jam loro mengko ana kuliah tambahan. Sari kuwi arek semester loro fakultas sastra Inggris, Universitas Ngayawara.

Ujug-ujug saka sisih kiwa, meh ae nabrak Anang, arek fakultas ekonomi. Arek kuwi kuru dhukur, senengane dodolan gombal ambek arek-arek wedhok ing kampuse. "Dancuuk!" batinne Sari.

"Eh... Hallo darling!" sapane Anang kalem, raine plek kaya boyo, congore lincip lan untune mrongos ngana kae.

Sari ngeblas mlaku, ora ngreken arek sithok elek kuwi.

"Sar, mbiyen-mbiyen aku akeh salah, akeh nebar kata-kata gombal ma sembarang orang. Sering bikin nangis cewek. Tapi setelah kenal kamu, aku saiki insaf," jarene ngethokke jurus boyone.

"Baguslah," jawabe Sari enteng wae.

"Ora ate nebar pesona neh ambek cewek lewat cara apapun. Kasihan juga kalau akhirnya pada sakit hatinya gara-gara tak gombali, " ujare Anang.

"Wo wedhus!" batinne Sari. Lha wong rai kaya boyo wae kok olehe ingah-ingih pamer mrongose. Iki uwong apa bethara kala?

"Tapi dasar aku!" ujare Anang.

Sari mendeg saknalika. Nyawang Anang, eneg. Meh wae Sari muntah. "Wong iki wes elek, kok doyan men nyocot, lambene turah men," batinne Sari maneh.

"Tapi dasar aku, niat-niat thok, ra onok nyatane," jare Anang karo mesam-mesem sing malah gawe raine tambah uelek.

"Yek apa carane katene isa mari iki?" pitakone Anang karo ngucek-ucek matane. Blobok kuning sak kedele gedene nganti metu, jan njijiki tenan!

Sari unjal ambegan.

"Wis watakmu kok Nang, ate piye neh," jawabe Sari karo neruske laku.

"Eh, buruan nikah, mungkin bisa hentikan kebiasaan jelekku," jare Anang.

"Ya rabi a ambek bajul kana!" saure Sari ing jeron ati.

"Wis watakmu Nang. Nek watuk isa dimareni, nek watak ki nganti tuwa ya panggah wae," jawabe Sari alus. Arek siji iki cen pinter lan atine apik, najan ing batinne misuh-misuh ora karuwan ning kata-katanya selalu halus dan penuh perhitungan.

"Mosok se?" Emange wong ki stagnan, ra isa brubah?" takone Anang.

"Wong Jawa sering ngomong, ciri wanci ginawa tumekaning pati," jare Sari.

"Ah mosok se? Bisa aja orang yang ga bener jadi baik. Iya khan?"

"Artine suatu watak dasar manusia itu sampai matipun sama. Tapi embuhlah, gak eruh aku," jare Sari.

"Lha iku nek sifat-sifat turunan, gen!" bengokke Anang.

"Lha menawa kuwi ya sifat turunanmu," jare Sari kalem.

"Kon iku ngawur ae!" bengoke Anang saya banter.

"Lha buktine kon mau ngomong dhewe nek "niat-niat thok, ra onok nyatane,"

"Lha wingi sasi poso wes mari je, lha dino iki wes kumat neh,"

"Poso rak ngempet kuwi,"

"Apa tak poso ben dina ae ya Sar,"

"Ra ana bedhane Nang, watakmu wes ngono kuwi kok,"

"Ah, kon iku malah nambah-nambahi rasa bersalahku thok ae," kandhane Anang karo ngelus-elus githok e.

"Nek krasa bersalah berarti khan bener. Jadi semakin kuat alibi nek kon iku cen kelakuane ya kaya ngono kuwi,"

"Mbok aku ditulungi Sar. Nglarakke atine wong ki dosa gedhe. Moh aku nek duwe watak elek kuwi. Gek ndang tak mari mumpung iki isih sasi Syawal. Piye carane Sar?"

Sari unjal ambegan. Nyelehke bokonge ning kursi pojok kantin sing isih sepi. Atine muntab.

"Mbak es degan satu ya!" bengokke Sari. Muga-muga wae es degan kuwi isa ngedemke atiku, batinne Sari. Sari unjal ambegan maneh.

Mbak Dewi bakul ndok kantin kuwi langsung iwut tangane gawe es degan, sedela wae dhek e wes inthik-inthik nyedhaki mejane Sari lan Anang nggawa es degan. Es degan durung wae diselehne meja, wes disaut Anang. Boyo sithok kuwi tanpa dosa trus nyruput es degan kuwi, mari ngono es degan kuwi trus disurung ngarepe Sari. Sari bola-bali unjal ambegan. "Dancuuk! Dasar boyo rai gedhek!" bengokke Sari ing jero ati.

"Golek tampar nem meter," jare Sari karo nyawang Anang tajem, sing disawang kedhep-kedhep. Ancene nggatheli cah kuwi.

"Trus?"

"Talenana ngisore wit pelem,"

"Ate digawe apa Sar? Ngrubuhke pelem ta?" pitakone Anang polos.

"Ya up to you, terserah. Ate digawe lompat tali ya mangga, ate digawe latihan panjat pelem ya enthuk, ate digawe kendhat ya silahkan. Sembaranglah," jare Sari rada emosi.

"Tambah ngawur ae kon iku. Tidak ada kasus lelara isa mari merga tali tampar. Ah jangan bercanda kalau dimintai saran Sar," gremenge Anang.

"Lho, iki model baru kok. Sapa ngerti kon sing dadi penemu pertamane,"

"Sar, anu... Mungkin lebih baik kalau kon rabi wae ambek aku, aku yakin pasti kon isa merubah sifatku. Ben mari elekku. Nek wes duwe bojo mesthi mari gombalku," jare Anang serius.

"Jabang bayiii..! Nganti donya iki ate kukut and you are the only one man, aku gak ate rabi ambek kon Nang!" bengokke Sari emosi. Sari ngadeg lan ninggal Anang nok jero kantin dhewekan.

"Jangan begitu Sar. Saar..! Es degannya belum dibayar!" bengokke Anang.

"Sing ngombe rak kon ta, bayaren dewe. Aku atene mulih," jare Sari getem-getem. Sari wes ra duwe semangat maneh melu kuliah tambahan jam loro mengko, age-age nyetop microlet kuning lan sedela wae ninggal papan kuliahe.

7 komentar: