Kamis, 23 April 2009

Crito SUROBOYO, Mat Pithi

Mat Pithi pancen bethike gak ketulungan.

Masih bapakne kaji, Mo-Limo wis dilakoni.

Korak, balon, germo, tukang parkir sak Kermil kenal kabeh karo arek Dinoyo Gang Limo iki.

Tapi sejak Suharto nggelundung, kelakuane rodok apik.
Mat Pithi gak tau ugal-ugalan maneh.
Lek ditakoni koncone, "Mat raimu sik mbalonan tah ?".
"Mathek ketubruk montor, tanganku kithing aku wis tobat cuuk...!", Mat Pithi ngotot.

Modele morale arek iki melu reformasi pisan.
Saiki kesibukane Mat Pithi meguron nang Kaji Kholil, guru ngaji soko Ampel.
Segala ilmu disinaui.
Mulai ilmu kebal sampe ilmu gendhing wedhokan wis dikuasani.

Jangkep limang wulan meguru, Mat Pithi diwekasi gurune "Mat..., ilmu sing mbok sinaui wis jangkep. Tapi lek koen kepingin ningkatno mane, koen topo wae ning Gunung Batok.".

Ngeroso ilmune sik kurang, Mat Pithi berangkat topo ning Gunung Batok.
Arek iki bener-bener nuekat.
Deweke topo terus gak atik turu nang guwo gumbul karo jerangkong, sundel bolong, tuyul, wis pokoke sembarang kalir.

Pas dino ke-pitu, dalu pisan, ono wong tuwo muncul ning guwo mau iku.
Wong tuwo iki langsung wae ngomong "Mat..mat..!, gak ono wong sing sanggup topo koyok koen ning guwo iki".

Mat Pithi cuek wae karo nguyu nang jero ati (gendeng arek iki...).

"Wis koen lungo wae...", si Mbah rodhok nyentak.
Gak kalah banter Mat Pithi njawab "Mooh...!".
"lho ojo ngonoo..rek. ..!", si Mbah mulai kalem kalah gertak..
"Aku gelem ninggalno guwo iki tapi ono sarate... , kabeh penjalukanku kudu mbok kabulno", Mat Pithi negesno.

Gak atik mikir dowo-dowo, si Mbah langsung ngomong "wis ngene wae, koen iso njaluk opo wae tak kabulno, tapi mek ping telu thok".

Karo mikir gak sepiro suwih, Mat Pithi njawab "O.K...!"
"Mbah.., rupoku iki lak gak sepiro elek, eeh....! gak sepiro ganteng, aku kepingin duwe rupo koyok bintang pilem Bary Prima bekas bojone Eva Arnaz", Mat Pithi njaluk.

Si Mbah njawab "Le..le.. saiki koen muleh wae, tekan omah rupomu wis gak koyok meduro mane..!.

Langsung wae Mat Pithi nginclik moleh numpak jaran sewoan.
Tekan omah langsung ngoco.
"Wiik...guanteng men aku saiki rek...!", Mat Pithi kaget ndelok dapurane gak koyok biyen mane. Tapi Mat Pithi jik gak puas.

Pikire mosok rai koyok Barry Prima tapi awak koyok Timbul Srimulat.

Sisuk bengine, Mat Pithi balik maneh nang Gunung Batok nemoni Mbak daden-daden iku.
"Mbah..mbah.. , raiku wis guanteng koyok bintang pilemning tipi-tipi iku. Tapi awak-ku jek kuru lan tepos. Dadekno awakku- koyok Barry Prima, ojok mek rai thok", Mat Pithi nerangno penjalukane sing ke-2.

Komat-kamit diluk si Mbah langsung ngongkon Mat Pithi moleh karo njamin lek awake mesti dadi dempal koyok Barry Prima.

Tekan omah Mat Pithi langsung kocoan.. Ndelok awake sing dadi dempal iku Mat Pithi seneng banget. Pikire cewek sak suroboyo mesti kepincut karo awake. Urung suwih senenge, Mat Pithi moro-moro mecucu wae sak wise metu teko jeding.

Rupane "manuke" gak melu dempal. Gamblese Mat Pithi jik podo karo biyen cilik lan bungkring.

Mat Pithi dadine kepikiran terus.
Njaluk nang Mbah maneh..., eman polahe jatahe wis kari pisan. Tapi timbangane urip duwe manuk sak upit, Mat Pithi nekat ngenthekno jatah penjalukane.

"Mbah..mbah.. mbah..." Mat Pithi jerit-jerit nang guwo Gunung Batok.

Dienteni sampek elek gak muncul-muncul Si Mbah iku.. Tapi persis sepuluh menit sak gurungi magrib, Si Mbah muncul..

"Mat..Mat.., jatah penjalukanmu ojo dientekno. Eman-emanen kanggo mbesuk-mbesuk" Si Mbah nguwei nasehat.

"Mooh..mooh.. .!", Mat Pithi njawab karo matane rodhok mbrebes mili.

"Mbah tolong Mbah..., awak-ku lan raiku wis persis koyok Barry Prima, tapi "barang"-ku sak umprit koyok slilit" Mat Pithi melas.
"Tolong mbah dadekno "barangku" koyok jaranku sing tak sewo iki", Mat Pithi tambah melas. Modele arek sing biasa nekat iki "putus asa".
"Aku isin Mbah...!", ambek suoro sing rodok serak gara-gara kudu nangis.

Gak tego lan meksake si Mbah akhire ngabulno permintaane Mat Pithi.

"Mat.....sediluk engkas barangmu koyok barange jaranmu iku".

"Suwun..suwun. .suwun Mbah..., iki sing terakhir koq",

Mat Pithi girang. Sampek gak sempet pamit, Mat Pithi moleh, plenciiing.. .!. Tapi gurung tekan omah, Mat Pithi mikir, kaget..., moto mbrebes mili..., cangkep mewek..., Mat Pithi nangis karo jerit-jerit

"JUANCUUUK JARANKU WEDHOOK...".

Mat...., nasibmu elek masio rupamu ganteng, awakmu dempal lek duwe "kimpet" yoo nggilani...hi. .hi...hi.

-------------------------------------------------------------------------------------


Mat Pithi adalah salah-satu hasil guyonan SUROBOYO sejak tahun 2006, ada lebih dahulu daripada pilem GRAMMAR yang sekarang lagi booming, apalagi banyak orang cari GRAMMAR JILID TIGA. ini adalah crita MBAHNYA GRAMMAR......

source : Guyon Gaya Suroboyoan







40 komentar:

  1. iki cerito tentang sampeyan kah?

    jiakakakakkkkk

    BalasHapus
  2. Hwakakakak... Mat Pithi ilang manukke..ekekekek....


    lucu-lucu....!! Top abis.

    BalasHapus
  3. huakakakakak..lucu banged siy..heheheh

    BalasHapus
  4. BWAKAKAKAKAKAKK!!! Nyekakak njengking2!

    BalasHapus
  5. Wakakakaka... ngono yo ngakak

    BalasHapus
  6. wa ha ha ha ha ha ha.....

    lucu ...... .... casing e perkaso ... dalemnya (lmao)

    BalasHapus
  7. apik critone cak

    onok pesen moral sing isok di gagas soko tulisanmu.

    salutku maneh postingan iki gawe boso asli suroboyo...

    ayo rek lestarikno bosone dewe iki
    ojok ketularan cinta laura...

    BalasHapus
  8. hmmmm... apik tenan ki postingan aku sampek entek mocone....wakakakakakakaka.......mat pithi kontole sik sak ipriittt....

    BalasHapus
  9. wkkekwekwkekwkekwkew njijiki ah ending e,,,hayo pengalaman pribadi yho

    BalasHapus
  10. koyok'e aku pernah baca cerita ini

    BalasHapus
  11. maaat.mat. Kari tuku vibrator ae . :D

    BalasHapus
  12. lah, saiki kan wong lagi MUPENG kene' GRAMMAR, lha iki aq duduwi MBAHNE GRAMMAR.....

    BalasHapus
  13. eling pembahasan tentang manuk semalam nang plurk...

    Untung manuke mat pithi ora nemplek nang bathuk...

    Wakakakakakak...

    BalasHapus
  14. wah.. kok isine pisuan tok yo... jadi ngilu..

    BalasHapus
  15. hehehe asli suroboyoan, apik

    BalasHapus
  16. Gubeaxxxx
    mantaffff
    jowo timuran rek

    BalasHapus
  17. astaga.. aku gak mudeng ama bahasanya :D

    BalasHapus
  18. duh, mat pithi, mat pithi, arek yen gak tau syukur ya kaya ngono iku. naging bener2 cak luqman, masaa iya sih, barange mat pithi dadi malih dhompet, haks. ana2 ae, cak.

    BalasHapus
  19. Hahahahahahaha........................sueger rasane bar moco postingan iki.
    Jarang nemu postingan model ngene.
    Bosone, lucune, hikmahe, weh ono kabeh.
    Luxs, aku pesen crito liyane...........tak enteni.

    BalasHapus
  20. wakakakakakaka
    manteb...manteb...

    @endar: kimpet itu makanan semacam tempe...
    gak ngono kang Luxsman...???

    wehehehehehe

    BalasHapus
  21. hohoho...ramudeng saya Om...

    BalasHapus
  22. waduh...aku ga bisa bahasa suroboyoan murni =_=" jadi ga mudeng =_="

    BalasHapus
  23. mrene gur numpang ngakak aku :s jane yo pekewoh :(

    BalasHapus
  24. owalah....jebule sing lontonge ilang ki Mat Pithi toh? lha piye, bekas lontonge wis mbalik durung?

    BalasHapus
  25. Huahahahaha.... lucu pollll... misakne anune :))

    BalasHapus
  26. yekk gak mendidik. gak koyo GRAMMAR cak!

    BalasHapus
  27. wah..ngeblog jowoan rek! :)

    BalasHapus
  28. wahhh
    pake misuhhhhhh

    gak boleh tuhh
    gak baik
    hehehe

    BalasHapus
  29. hahaah q kudu moco situk2 bleh @_@ mantab jowone..q tak gendang suling wae :p

    BalasHapus